Wednesday, March 8, 2017

Wisata AWW Jelajah gunung payung Dsn. Bulusari, Ds. Bawang, Kec. Tempuran

Pengecekan dan Kunjungan Wisata AWW Jelajah Gunung Payung Dsn. Bulusari, Ds. Bawang, Kec. Tempuran, Kab. Magelang

monggo kagem sederek warga Tempuran ingkang gadahi hoby Trip Adventure / haking cinta lingkungan / presiran wisata caket saget tindak wonten mriki kalian rencang / keluargi / komunitas dijamin pesonanipun tasih sanget alami lan asri

Langkung sae ugi kagem Bapak / Ibu Guru ingkang ajeng ngawontenaken giat Outbond / Kemah Persami

Pengelola Pemerintah Desa Bawang lan karang Taruna Bulu saweg mempeng sanget kerja bhakti sambendinten berbenah kagem njangkepi wahana kagem nyuksesaken obyek wisata meniko

regi Tiket mlebet lokasi meniko Rp. 5.000,- lajeng bilih pengunjung remen kalian olahraga Trail wonten wahana tambahan lokasi trabas menantang Trail Adventure ingkang tiketipun reginipun Rp. 15.000,-

Lokasi : menawi panjengan saking arah Peken Babrik mendet jurusan Ds. Bawang lajeng menawi sampun dugi pertigaan Balai Desa Bawang mendet ingkang arah kanan lurus kemawon Lk 2 KM